1 Gusti kawula ingkang binerkahan; seda Paduka sung kawilujengan. Kawula nglari nadyan klayan sisah, dadosa margi mring resik ing manah. Resik pethak ngungkuli salju, manah resik pethak ngungkuli salju 2 Gusti kawula ingkang binerkahan; darah Paduka sèstu sipat imam. Katundhunga sawarnining brahala, dimèn kawula resik tanpa cela. 3 Gusti kawula ingkang binerkahan; mugi lebura salir kasisahan. Kula sinungana énggaling driya, murih dados resik klayan sampurna. 4 Samangké sèstu pitados kawula, tan badhé kemba mituhu Paduka. Lubèring kamirahan kebak berkah, mbangun jiwa miwah resiking manah.
|
|