1 Amung godhong, lah ta adhuh, Gusti nganti muwun, dene ngupados wohira, katemenan miwah tresna, nanging kang pinanggya amung godhong amung godhong 2 Amung godhong, adhuh laé, datan ana wohe. Saiba ta bilainya, yèn kadhawahan supata. awit kang kadarbya amung godhong, amung godhong. 3 Amung godhong, dhuh bilai, yèn ndungkap ing janji, Mari jamaning kawlasan, kari jaman pengadilan; mangka kang kawuryan amung godhong, amung godhong. 4 Amung godhong, kembang lambé, ujar tanpa gawé; kang sinebar gung kadarman, kang thukul mung kasaguhan, tembung-tembung lahan, amung godhong, amung godhong. 5 Amung godhong, Gusti rawuh mriksa kang tumuwuh; playunira menyang ngendi, lamun wohira mung dami, mung pakaning geni? Amung godhong, amung godhong.
|
|