1 Allah kang Makwasa, karsa nampi kula dados rowang mitra, wah utusan Paduka; ngundhangken sihrahmat mring sagunging umat, mrih kratoning swarga sumrambah sadonya. 2 Mugi Sang Roh Suci lestantun mitulungi, mrih kula sembada leladi kanthi setya. Manah tansah bingah datan naté semplah, klayan ajrih-asih wah sepi ing pamrih
|
|