1 Allahe para pracaya ing sadhengah jaman, yeku pangauban kita, tuking kasampurnan. 2 Anèng ngarsaning dhamparnya. papan katentreman, panyuwun kang bener nyata, mesthi kaleksanan. 3 Sajagad raya dumadi karana sabdanya. Para titah angakeni pangwasa punika. 4 Allahé para pracaya lumintu tresnané. Mring sakèhing kagungannya langgeng pangrimaté.
|
|