1 Wong dosa rempu atimu, nlangsanana dosamu. Mbok ya ngungsia mring Gusti, mesthi kinarya suci. Gusti nimbali sira, rungoknata sabdanya, pasraha jiwa raga. 2 Hé, wong kang ilang kesasar, saparanmu kapirsan. Gusti nglari lan nimbali, bakal karsa nulungi. 3 Gusti kwasa, mahamirah nresnani sagung jalma. Mula dèn énggal mareka, mesthi tan nampik sira. 4 Sira kaancam ukuman laknat wit dosanira, nuli énggal umareka, tinebus ing rah adya.
|
|