1 Tyang najis ndlarung ing dosa, tinampik mring swarga. Allah tan sudi mirsani sabarang kang nistha. Nyuwun suci, adhuh Gusti, nyuwun suci, nyuwun suci 2 Tyang najis datan tinampi ngarsané Hyang Widi. Adhuh Gusti, mugi karsa mbirat dosa kula. 3 Tyang najis ndlarung ing dosa, pinagas ing sihnya. Dé kang yekti asung bekti, tinunggil ing Gusti. 4 Tyang najis badhé sangsara, cinadhangan nraka. Kang mratobat badhé begja, cinadhangan swarga.
|
|