1 Sihing Allah Kang Maha tresna sung gesang nyata mring kula. Yeku sih kang ngeram eramna mring kula tyang kebak dosa. Mila kula tansah muji tan kendhat rinten lan ratri 2 Yèn Allah nganggep dosa kula wah lepat klèntuning lampah, kawula nemahi antaka wit gesang mung awon tansah. Nging Gusti lubèr sih-rahmat kula pepuji tan kendhat. 3 Mring salir tyang, nggih sanak-kadang, mesthi kawula tedahna margi kang anjog ing pepadhang, yéku sih-rahmat sanyata. Punika sokur kawula mring Gusti Kang Mahatresna.
|
|