1 Saestu keduwung kula, dene kirang setya. Kadhawuhan kinen tresna dhateng Allah wah sesami, nging tan ana bukti Aduh Gusti, nyuwun suci 2 Saèstu keduwung kula, dé gesang mung nglaha. Kèlu pangwasaning dosa, mung nguja sengseming driya, lampah tan prayogi. Adhuh Gusti, nyuwun suci. 3 Saèstu keduwung kula, dé ndlarung ing dosa. Nadyan rinoban sih-rahmat, nging datan énggal mratobat, mangkotaken ati. Adhuh Gusti, nyuwun suci. 4 Saèstu keduwung kula, nglirwakken kwajiban mrih tuwuhing pasamuwan miwah gesanging bebrayan, tentreming dumadi. Adhuh Gusti, nyuwun suci. 5 Saèstu keduwung kula, lamun dugèng janji, gesang kula tan sembada, nilar citraning Sang Rama, mesthi dèn bendoni. Adhuh Gusti, nyuwun suci.
|
|