1 Pundhi kang najis tan kenging mlebet dhateng swarga Gusti tan sudi mirsani sabarang kang nistha Nyuwun suci, adhuh Gusti, nyuwun suci, nyuwun suci. 2 Kang najis datan tinrimah ngarsané Hyang Sukma. Adhuh Gusti mugi karsa mbirat dosa kula. 3 Wit kang najis saged sirna, iba begja kula, Rahé Gusti kang ngicalken sakathahing dosa!
|
|