1 Kula tyang dosa klangkung ageng, rinentahan palimirma. Punika ngeram-eramaken, kawula sewu tan nyana. Mangke tan wonten paniksa mangke tan wonten paniksa Ming rumentahing sih mirma, ming rumentahing sih mirma. 2 Allah ngasihi dhateng kula, dosa kula ingaksama. Tan wonten mulading bendunya, wit kula ingangkat putra. Kula punika sinten, ta, (2x) dé rinentahan sih-mirma? (2x). 3 Sayogya kula gunggung-gunggung palimirmanipun Allah, kang nglepataken saking ukum miwah nu cékaken manah. Panggunggung kula tan liya, (2x) ming bab rentahing sih-mirma. (2x).
|
|