1 Gusti Kang Mahawilasa, mugi paring aksama. Kula getun dé klepatan, nglawan dhateng Pangéran; nglirwakken dhawuh Paduka, manut hardaning driya. Temah tan ngraosken tentrem wah malih gesang langgeng. 2 Gusti Ingkang Mahatresna, mugi ngruwat kawula; temah kula dados suci miwah nunggil lan Gusti. Manah kang peteng wit dosa énggal pulih lejara. Pangajeng-ajeng binuka, ngener mring Allah Rama. 3 Gusti Ingkang Mahakwasa, mugi nuntun kawula; ngambah ing margi utami, nurut pangrèh Paduka. Awit kwasaning Roh Suci, nyingkur karsèng pribadya, nglawan kapéncuting donya, mrih raharja slaminya.
|
|