1 Dhuh Allah, nyawa kula ngantos-atos Paduka Mugi pitedah Paduka kaparingna mring kula. Tetiyang kang mengsahi enggala sumingkir ugi, wit Paduka pribadya sumber pitulung kawula. 2 Dhuh Allah mugi ngèngeti mring sih-palimirmanta. wiwit rikala Yéhuwah nglubèraken aksama, karsa ngluwari kula nebihken sagunging dosa. Krana sih-kadarmanta, nyawa kawula rîneksa. 3 Allah Maadil Mamirah tan ngegungken bebendu. Tiyang kesasar ing lampah tinuntun tobat sèstu. Déné tyang lembah-manah tinuntun ing margi yekti, awit margi puniki setya kadarmaning Gusti.
|
|