1 Sumangga, pra kadang, misungsung gesang, ngayah i timbalan karyaning Pangeran. Martosken Injilnya, pangluwar saking dosa mring saliring bangsa, mrih samya wilujeng a 2 Tyang papa kesrakat, nyadhonga sih-rahmat. Tyang kang kinunjara, mrih luwara sigra. Tentrem kang sejati, binabarna sabumi. Sagung tyang manembah, tansah rinoban barkah. 3 Injil kabar adi, sumangga, den tampi; gya undhangna tansah sajagad sumrambah. Tyang mblasar lampahnya, wah kang wangkot manahnya, di enggal mratobat, pinaringan sih rahmat.
|
|