1 Sumangga makarya, para utusan setya ngundhang aken kabar adya, sih rahmat saking swarga, mrih tyang kang peteng manahnya, dadya padhang lejara. Sumangga samekta, tansah makarya. 2 Sumangga makarya, dipun kepara cukat, mbabarken tresna sanyata, mrih tyang dosa mratobat, panggah ngadhepi bebaya, Gusti nganthi slaminya. Sumangga samekta, tansah makarya. 3 Sumangga makarya, klayan mantep ing driya, manggul salibing Sang Kristus mbelani kang siniya. Kang tinindhes sinangsara, bingar, tentrem gesangnya. sumangga samekta, tansah makarya. cukat = trengginas, cekatan (Indonesia)
|
|