1 Sira sumyaka, dhuh nyawaku, nggunggunga sih e Pangeran, wus ngirid lakuning bangsaku, dalah paring pitulungan. Mring para utusan setya kang ngundhangken kabar adya Haleluya! Haleluya! 2 Sapa kang nampa timbalannya, ngemban ayahan kaswargan, mesthi bakal padha tan nyana mring sakehing kaelokan, nadyan marganya rekasa, iku tinampa prayoga. Haleluya! Haleluya! 3 Sira sumyaka, dhuh nyawaku, nggonira nggunggung Yehuwah, dak puja slawasing uripku, de agung sihe mring abdi, ing rina dalasan ratri. Haleluya! Haleluya!
|
|