1 Nalika ngambah margi kang sepi, giris uwas manah kula. Sampun nilar kawula dhuh Gusti, mugi tansah angamping ampingi. Mlampah pyambak datan kedugi Gusti mugi anganthi Mrih gesang maedahi sesami wah mulyakaken asmane Gusti 2 Kawula kesandhung ngantos dhawah, karana karaos sayah Gya kula rangkul salibe Gusti, wit sihnya kula manggih basuki 3 Lamun thatit kilat sesamberan, peteng ndhedhet lelimengan. Manah kula kekes tan kantenan, nanging Gusti paring pitulungan.
|
|