1 Mugi Gusti karsa angutus utusan kados duk kinanipun, ingkang ngemban sabdaning Allah lan martosken sih piwelasipun, supados tyang salumahing bumi sami nampia Injil ing Gusti. 2 Mugi Gusti ngutus pra abdi sembada setya miwah taberi nyebarken pawartos basuki gumelar ing salumahing bumi, supados tyang sami pitadosa, temah ngraosken tentrem-raharja 3 Mugi Gusti madhangi manah kang peteng wit pamengkuning dosa, temahan pra tiyang kang wangkot lan kang kawengku ing gugon-tuhon* mratobata, pitados mring Gusti klayan bingah, asmané pinuji. gugon-tuhon = takhayul
|
|