1 Lamun sira sangsara krana rèhing dosa, yogya pasrah mring Gusti, murih dipun luwari. Sang Kristus Maasih mring tyang kang ringkih. Dèn énggal ngayoma dimèn tentrem ing gesangira. 2 Yèn sira kamomotan, kabotan sesanggan, yogya ngugsi mring Gusti mesthi dènpitulungi. 3 Lamun sira siningkang, rinoban panandhang, rumaketa Gustimu! Tamtu paring rahayu. 4 Yèn sira kasusahan miwah karupekan, mareka mring Sang Kristus, yéku Juru Panebus.
|
|