1 Ing jagad kang peteng krana dosa kathah tyang kang nggresula Karana panandhang, samya nggresah miwah semplah ing manah. Sumangga, Gusti, ngagem kawula, mrih ngengetna para kanca sengkut makarya nglawan godha, dadosa berkah tumrap tyang kathah 2 Angundhangna sih rahmate Gusti kanthi setya nglampahi; margining luwar saking sangsara, temah samya raharja 3 Ngundhangna Injil Kratoning Swarga, kinanthia pandonga, mrih luwar saking kwasaning dosa, wah gesangnya sembada
|
|