1 Gusti, Paduka ngirid lampah kula Kula ndherek Paduka salaminya. Kawula datan saged milih margi Mugi sapurug kula, Gusti nganthi. 2 Paduka dedalema ing tyas kula supados arerema lampah kula Kula tansah sumendhe ing karsanta, wit Paduka kang nebus gesang kula. 3 Ngambaha margi rumpil nguwatosi, tinempuh ing prahara nggegirisi, nging Gusti tansah ngirid lampah kula, mesthi Paduka kanthi dhateng swarga.
|
|