1 Gustimu kepareng mundhut papan anèng atimu Resikana dimèn patut, Gusti karsa lumebu! Rungokna pangandikanya, aja padha semaya! Nyawisna papan mring Gusti anèng sajroning ati! 2 Tan liya, kersané Gusti mitulungi wong dosa; kang wus karsa mbukak ati dadya padalemannya. 3 Rahayu tyang kang samekta saos papan mring Gusti; antuk padhanging wardaya kang tedhak saking swargi.
|
|