1 Gusti mugi sampun ngantos, nilar kawula; kula tansah ngraosaken berkah Paduka. Gusti, mugi nuntun kawula; kula tansah ngraosaken berkah Paduka. 2 Gusti, mugi myarsakaken pasambat kula; awit kawula punika putra Paduka. 3 Nggèn kula darbé panyuwun, mung sih Paduka ingkang dados paugeran miwah landhesan. 4 Gusti mugi amirsani tyas kula trenyuh; Paduka ingkang ngiyatken, sageda teguh. 5 Gusti tuking kabingahan, mugi nglipura manah kula kamomotan papa-cintaka. 6 Anèng donya wah nèng swarga, kula tan darbya andel-andel lan pikekah, namung Paduka.
|
|