1 Gusti mugi nuntun kawula amrih tansah manut Paduka Nadyan ribed gilir gumanti, tamtu kula kedugi nyanggi. 2 Gusti mugi nglanting kawula, amrih sagah nahan bebaya. Nadyan awrat kados punapa tatag, datan semplah ing driya. 3 Gusti mugi nunggil kawula, murih kedugi nglawan dosa; temah kula unggul ing yuda lan nampi makuthaning swarga
|
|