1 Apa sira ngupaya inten kanggo makutha? Ing papan asor nistha, ana inten kang ngantya. Inten-inten miwah retna, pra manungsa binanda; yogya linari, ginawa kagem makutha Raja. 2 Tumrap jiwa mbaléla, nyingkur saka Gustinya, undhangna kabar bungah, yéku Injiling Allah. 3 Aturna Sang Penebus, inten ingkang pengaji sarana rahé Gusti, Kang wus sanyata suci.
|
|