1 Wonten satunggal panggenan, o, iba endahnya; rinengga kidung kasukaan, o, iba endahnya! Ngriku tan wonten panggodha, tan wonten susah sungkawa kang wonten mung suka rena O, iba endahnya 2 Ngrika tan wonten pagiris, code iba nikmatnya! Wah datan wonten panangis, code iba nikmatnya! Tan pisan wonten congkrahan, nging tansah tresna tinresnan, kalawan ngunggung Pangeran, code, iba endahnya! 3 Nadyan kula kebak dosa, mbenjing amba mrika, kula tumut suka-rena, mbenjing amba mrika; karna Yesus Pamarta, kang wus seda nebus kula Kula klilan mlebet Swarga, mbenjing amba mrika
|
|