1 Wonten satunggal panggènan dumununging kasampurnan. Ngriku gesang datan kéguh, wit dayaning pati lumpuh Yéku dhamparing sih rahmat, nentremken tyas kula. Tyang kang ngayom wah mratobat rahayu slaminya. 2 Ngriku tan wonten pasambat, awit dosanya binirat. Begja salamining gesang, linimputan ing pepadhang. 3 Saliring tyang kamomotan tan kènthèngen tan kawratan, pininta samurwatira; papan langgeng dunungira.
|
|