1 Wonten nagri maha adya, ye ku kraton swarga; saliring panandhang sirna mung tentrem raharja, pinanggya sampurna. Nagri niku nagrinipun Gusti, nagri niku nagrinipun tyang pracaya wah mursid sayekti. 2 Sajroning nagri sampurna, tan ana antaka; mung nunggil lan Sang Pamarta, ing kamulyan nyata, langgeng salamanya. 3 Wonten ing nagri maadi, samya gesang suci; salir kadonyan kapungkur, mung pamuji sokur konjuk Hyang Maluhur.
|
|