1 Uripku pindha pangidung sumaos mring Pangéran. nadyan nèng donya lwih agung sedhih lan kasusahan, nging satengahing pasambat, tansah dènya umanggung pangidungé pra mlaékat. yogya aku ya ngidung. 2 Sirnaa saliring bungah Gustiku datan gingsir nadyan karoban ing susah, padhangku tan sumingkir atiku asukarena, dé tan pegat jinangkung ing sih rahmaté Sang Rama. sayogya aku ngidung. 3 Lamun ngélingi Gustiku, sedhihku énggal sirna. daktut-buri ing salaku, wit ginèndèng ing sihnya saiba ayeming kalbu, yèn rineksa Hyang Agung. ngarah apa manèh, aku? sayogya aku ngidung.
|
|