1 Tumengaa, dhuh nyawaku, sinengkak na tyas kula; ingedohna saking dosa, tinunggilna Sang Rama. Mugi wontena mlaekat ngangkat manah kawula, sinanggia ing swiwinya, cinelakna ing swarga. 2 Tumengaa dhuh atiku, munggaha ing Golgota; mandenga ing sinalib, kang ngrembat dosanira. 3 Tumengaa dhuh atiku, mumbula saking donya; sumengkaa, sumengkaa mring kraharjaning swarga.
|
|