| KPJ 417 Sauruting Laku | |
| 1 Sauruting laku kang dakalami, Gusti tansah tindak ngrumiyini. Mula kang dadi osik ing atiku, "Gustiku sèstu setya tuhu!" Salakuku Gusti datan négakken, klayan setya dènira angreksa. Ing wusanané, Gusti marengaken aku ndhèrèk ing kamulyan swarga. 2 Ing nalika imanku wiwit goyah, yèn tansah nyipati kang gumelar, sanalika aku énggal gumrégah, wit Gusti nora bakal nilar 3 Aku pracaya mring pangrèhé Gusti, awit gesang langgeng ing astané. Gustiku kang ngasta soroging swargi wah nuntun aku mring kratoné. nora = ora sorog = kunci |
| KPJ 416 | KPJ 418 |