1 sang Kristus wus temtu prapta jumeneng Hakim setya ngadili sagung manungsa ing dinten akhir mangkya; tyang kang ptados mring Gusti, wah tresna mring sesami, kepareng mlebet ing swargi ing kasampurnan yekti. 2 Tyang mursal samnya moyoki, ngremehken sabdeng Gusti, de Gusti tan enggal prapta, nganggep janjinya nglaha. Neng ngarseng Gusti Makwasa, sataun lir saari; mila tyang kang tan rumantya cuwa jroning wardaya. 3 Sang Kristus wus tamtu prapta, jumeneng Hakim setya; ngadili salir manungsa ing jaman akhir mangkya. Payo methukken rawuhnya srana tansah samekta, kanthi waspada, ndedonga memuji Maranatha.
|
|