1 Ratu adil kang sejati saestu namung sawiji. Yeku Sang Kristus Gusti kang mengku bumi lan swarga Pinujia slaminya! Pinujia slaminya! 2 Ratuning tentem raharja kang luber sih rahmatnya tumrap sagung manungsa jumeneng Ratu kaswargan Langgeng dugeng delahan, langgeng dugeng delahan 3 Imam Agung pinarcaya ngasta pangwaose Rama ngurbanken sarira. Kang pracaya kanthi tulus sampun tamtu tinebus, sampun tamtu tinebus 4 Nabi kang medharken sabda mundhi dhawuhe kang Rama. Sang Sabda sampun manjalma manunggil kalayan kita. Tetep langgeng slaminya, tetep langgeng slaminya
|
|