1 Nginggilnya kasa saiba padhangnya, tyang kang pitados sumendhe Gusti. Ngriki gung ribed, sedhih, sangsaranya, ngrika gung ayem tentrem lan mukti ngrika gung ayem tentrem lan mukti 2 Nginggilnya kasa saiba reremnya, lamun sabarang mengeng winedhar Ngriki tyas kula gung kodheng petengnya ngrika gumawang dyan lipur lejar. (2x) 3 Nginggilnya kasa saiba nikmatnya, aneng wismanya Sang Rama adi. Tyang kang kesrakat mantun rekasanya, bala mlaekat methukken puji (2x)
|
|