1 "Neng dalemé Ramaku gung panggènannya. Iku dak cawisaké; lumebua!" Mengkono Gusti dhawuh mring kita samya, duk rawuh ngagem sarira manungsa. Aja sira nampik sih rahmaté Gusti, dimén, sira manggiha urip sejati. Tentrem rahayu tansah ngerobi sira; ngrasuka gesang mulya anéng swarga. 2 Saben wong rebut bener mlebu mring swarga ngambah dalan pilihané pribadya. Nanging mung wong kang nurut dhawuhé Gusti, yéku kang mesthi winenganan kori.
|
|