1 Maranatha, maranatha, dhuh Gusti muga prapta; wong kang menang nglawan dosa, tansah mantep ing pracaya, tampa ganjaran sing Gusti, woh ing wit panguripan, ing taman Pirdus yekti. 2 Maranatha, maranatha, dhuh Gusti mugi prapta; wong kang tatag tanggon yekti, manggul salib ndherek Gusti gesang langgeng aneng swarga, tan ana susah pati 3 Maranatha, maranatha dhuh Gusti mugi prapta; wong ajrih-asih mring Gusti wah nekseni Injil suci, kaganjar jeneng kang anyar, kepareng linggih dhampar, nunggil Sang Kristus Gusti
|
|