1 Kula sumrep kori menga kang anjog dhateng swarga; yeku sihrahmate Allah, lantaran Sang Pamarta. Sokur dene kula niki, nggih taksih winengan kori; kula, kula, nggih kula sadaya 2 Angger tiyang angsal mlebet-medal ing kori niki tiyang sugih, tiyang mlarat, tyang ageng-alit ugi 3 Mila swawi sami mlebet, mumpung taksih atalad, sedheng kori taksih menga, nggih korining sih-rahmat. 4 Saiba piduwungipun, tiyang yen dugeng janji, kaineban kori tobat, tan wonten kang mengani
|
|