1 Kula ningali nagri endah, nagrining pepadhang kang mulya. Ngriku kula den antos Gusti, den cawisi griya kang baka. Neng nagri punika, kula badhe panggya pinanggya; neng nagri punika, kula badhe panggya - pinanggya. 2 Neng ngrika kula asung puji, ngidungken kamulyaning Gusti. Wit tan dosa, tan nandhang sisah, tan nggresah, tan ngrudatin sami 3 Swawi memuji mring Sang Rama, Rama kula Kang Mahamulya; dene karsa ngasihi kula, dencadhang kamulyaning swarga.
|
|