1 Kratoning swarga wus prapta; swawi, sami bebingah. Tetiyang sami pracaya klayan tulusing manah, ngluhuraken Pangeran, srana sagung pakaryan 2 Tyang pitados sywa semplah klayan giyak tumandang, methukken kratoning Allah, kanthi manah agirang. Gusti sestu anjangkung, tansah paring pitulung. 3 Babare kratoning swarga, sajatine sih-tresna Salir tiyang kang pracaya, den sengkuta makarya, nulad tindake Gusti, karya tentrming bumi.
|
|