1 Gusti Yesus Ratu Adil, panetep panata gami kang mengku sajagad rat. Sagung ilat badhe nyebut, sakathahing dhengkul sujud mring Gustining praumat, mring Gustining praumat. 2 Namung dening Kangjeng Gusti kita saged dados suci kinumbah klayan rah-Nya. Gesang langgeng wus sinungken, wah tyang dosa rinukenken (lantaran Sang Pamarta (2x)) 3 Tiyang dosa kang kesrakat, tiyang sakit wah tyang mlarat, gya samya tinimbalan. Dene sinteng kang umarek, apitados ngarep-arep, (mesthi nggih tinulungan (2x)) 4 Mila sampun ta semados, mbok inggih samnya pitados mring Gusti Ratu kita. Pinundhia trus ing batos, de Kang Kwasa karsa dados (Juru Pamarta kita (2x))
|
|