1 Ayem nèng Gusti Yesus, lerem anèng swarga Ingauban ing sihnya, iba ayemira. Wonten swara ngumandhang, lir péndah pramukti nèng swarga samya ngidung lan énggar ing ati Ayem nèng Gusti Yésus lerem anèng swarga, ingauban ing sihnya iba ayemira 2 Ayem nèng Gusti Yésus bénjing anèng swarga Uwal saking rencana, kalis ing panggodha. Tan sumelang, tan kwatos, tan wonten panangis Sisah samangké namung kantun sawatawis 3 Gusti pangungsèn kula, pangruwat sejati. Gusti parang santosa kang kula gondhèli Ngriki kula angrantos, ngrantos klayan sabar, ngantos puput dalunya, ndungkap dugèng pajar
|
|