1 Aku kangen mring omahku, omahku kang ana ing swarga, ing panggonane para suci, kang aputih busana nira Omahku, neng swarga, aku kangen mring omahku. Omahku, omahku neng swarga; omahku kang aneng swarga 2 Aku kangen mring pra mitra; pra mitra kang wus aneng swarga kang memuji lan suka-rena, wus tan eling sedhihing donya. Pra mitra, neng swarga; aku kangen mring pra mitra; pra mitra, pra mitra neng swarga, pra mitra kang aneng swarga. 3 Aku kangen mring Gustiku; Gustiku kang ana ing swarga, kang nebus aku srana rahe; wus nyawisi omah kang mulya Gustiku neng swarga; aku kangen mring Gustiku; Gustiku, Gustiku neng swarga, Gustiku kang aneng swarga.
|
|