1 Wus dugeng wancinya kita nilar warsa lami gya napaki panjangnya warsa enggal puniki; nadyan tan saged an dugi begja lan bilai, ning krana sihing Gusti, kita samya basuki 2 Saben mangsa tinata manut ing lampahira wonten pepanggihan ugi wonten pepisahan, nging kang wigati tansah nyawijia mring Gusti amrih kita sadaya sami gesang basuki. 3 Silih andongakna, mrih raharja salampahnya, mantep ing pracaya, wah sembada gesangira. Sumendhe mring Gusti, miwah asih mring sesami, Yeku jatidhirining putra - putraning Gusti.
|
|