1 Siyang dalasan ratri silih gumanti, tan ana kang langgeng ing bumi. Mung sih kadarman ing Allah Kang tresna, katresnanira mangkonoa uga 2 Nadyan kita asring nindakake dosa, nging Gusti gung ing pangaksama, yogya kita tan ndlarung wangkot ing ati, nimbangi gunging sih rahmating Gusti. 3 Warsa enggak ndhatengna gunging sih rahmat, mrih tyang dosa samnya mratobat; yogya kita ngudi gesang mursid yekti mbangun-turut, ajrih asih mring Gusti.
|
|