1 Pinuji puji Gusti, sih rahmatnya gung yekti. Ing warsa kang kawuri, kita rineksa sing pati nadyan tinempuh panggodha, nging mantep pracaya, wit kinati ing Gusti, satemah tansah basuki 2 Ingugung Hyang Maagung, gung luber ing pitulung. Ing warsa kang kawuri, kula tansah den rimati nadyan awrat sanggen kathan, lan semplah ing manah; cekap ing kabetahan, wah misungsung mring Pangeran. 3 Kluhurna Hyang Makwasa kang langgeng kasetyannya. Ing warsa enggal niki, tamtu tansah amberkahi, amung kraharjan sanyata, ngiring lampah kula, mila tan kendhat muji, wah mbangun turut mring Gusti
|
|