1 Gunakna wektumu paringe Gusti, wit uripmu cekak pindha kembang. Endi barang langgeng ing donya iki, amung katresnan ywa nganti ilang. Barang kang ana, isining donya; sagunging kang endah bakal musna. Mung katresnan mu demi Sang Pamarta, gedhe ajine tan bakal sirna. 2 Aja tan migunak ake wektumu, lipur lan tulungen kang kesasar. Mulyakna Gusti ana ing uripmu, dimen lampumu tansah sumunar 3 Pakaryanmu kang demi Yesus Kristus bakal tinampi klayan karenan. Katresnan kang kababar kanthi tulus, ingundhuh mbesuk aneng kaswargan
|
|