1 Welingku mring anak putu, "Di padha sregep sinau!" Iku kang minangka srana darbe watak kang prawira. Aja tansah mandheg mangu! Gusti kang nuntun lakumu 2 Urip datan kanggo mangan, nging mangan kang kanggo urip. Singkirna watak brangasan! Aluwung sinau tertib 3 Rukuna padha sadulur, tan pantes dhemen sulaya. Ala watake wong udur; becike akeh ngalaha!
|
|