1 Pepacangan kang prayogi miturut karsa ne Gusti, linandhesan ing katresnan miwah setya ing prasetyan. Ali ali kang liniru pratandha katresnan jati; datan wonten pungkasannya ngantos dumugeng delahan. Mugi Gusti tansah angreksa sadherek kekalih punika nggennya sami pepacangan; tresnanya trus ing wardaya. 2 Ing salampahnya sageda nuladha tyang kang piniji dening Allah Kang Masuci; tumemen nggennya ngabekti. Mboten purun nyulayani, sarak awisane Gusti, wit tansah sami ngugemi maknaning ningkah kang suci.
|
|