1 Mara kanca mudha Kristen aywa sira alepyan, agung tetanggungan adi peparing e Pangeran; payo kanca nunggil ati, nunggil budi myang esthi: Rukun akaryan santosa, muang giyat tandang kita. Iba endahnya, lamun pramudha, sayuk sekakap tinambut ing kardi, amrih luhure, tanah bangsane, ing dalem asmane Yesus Njeng Gusti. 2 Mara maju sadayane krana Injil satiti! Wani sara sakatoge kanggo kratone Gusti! Prabot pedhanging pangonga, myang tamenging pracaya sinabukan karahayon! Gusti pangungsen tanggon!
|
|