1 Kawula para abdi kasepuhan muji sokur wit tansah binerkahan. Wiwit anem ngantos sepuh kawula, datan kendhat dennya nampi nugraha. Mugi gesang kawula migunani, lan dadya dilah wah sareming bumi. 2 Sumangga sisaning gesang kawula, kaagema manut pangreh Paduka. Anak - putu tebiha sing belai; wit gesangnya tansah tinunggil Gusti. Sami guyub-rukuna, tansah tresna - tinresnan sumarah maring Pangeran. 3 Mugi Gusti, pangayoman kawula, pra manungsa samya kadhawuhana anilingna mring sabdaning Pangeran, tuhu tegen dennya ulah katresnan, drapon pra umat sami den tansah kinanthia samangkya wah sapengkernya.
|
|