1 Dhuh Gusti, pangayoman kawula. wiwit anem kawula, dados tameng rumeksa; wiwit wonten kandhutan, etuking sih nugraha. sampun tinegakken ngantos sepuh kawula, Gusti; sampun tinilar kala badan sangsaya ringkih, dimen kawula mboten ingina sarta datan nalangsa, krana Paduka pangayoman kawula. 2 Dhuh Gusti, pangayoman kawula, Paduka trus pinuji, tan kendhat saben wanci Jer pakaryan Paduka sawendah wah prayogi. 3 Dhuh Gusti, kawula dhinawuhan wiwit alit kawula ngantos mabluking uwan, mundhi dhawuh Paduka ngundhangken sih-katesnan
|
|